Sabtu, 28 Oktober 2017

Contoh Sesorah

Teks Pidato/Sesorah

Perpisahan Kelas IX

Assalamualaikum Wr. Wb.

Kanthi rahmating Gusti ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga kita saged makempal wonten ing SMPN 2 Ambarawa, kangge angestreni perpisahan kelas IX,  kanthi sehat walafiat boten wonten alangan menapa.

Nuwun Bapak Kepala Sekolah SMPN 2 Ambarawa ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan SMPN 2 Ambarawa ingkang kula hormati, lan rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Para rawuh ingkang kinurmatan, kula minangka wakil saking siswa kelas IX ngaturaken gunggunging panuwun ingkang tanpa upami, awit kaiklasan tuwin katresnan Bapak/Ibu guru nggulawentah para siswa pramila saged ngerampungaken sedoyo ilmu ingkang sampun kaparingaken tigang tahun. Kula sakanca namung saged nenuwun, mugi-mugi amal lan kesaenan Bapak/Ibu guru sedaya pikantuk piwales saking Allah SWT,saha tansah pinaringan kasarasan. Boten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten , awit kula sakanca asring damel Bapak/Ibu guru kuciwa awit saking atur solah bawa kula sakanca ingkang boten mranani penggalih panjenengan.

Para Bapak/Ibu guru lan para rawuh, ing wekdal punika kula sakanca nyuwun pamit lan nyuwun donga pangestu, mugi-mugi sasampunipun medal saking pawiyatan ngriki kula sakanca saged ngelajengaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang sae lan dipunremeni,

Namun cekap semanten ingkang saged kula aturaken, mbokbilih wonten kirang sarta kalepatanipun , kula nyuwun agenging pangapunten. Nuwun.

Wassalamualaikum Wr.Wb  



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Filosofi dari Rumah Adat Joglo

Filosofi dari Rumah Adat Joglo Teras dan Pendopo Salah satu ciri khas yang dimiliki rumah Jawa adalah teras yang tak beratap serta p...